Senin, 23 April 2012

Sabda Pengetan Dinten Kartini

            Assalamu’alaikum Wr. Wb
Ibu-ibu, ingkang tansah kula bekteni, para sedherek remaja putri ingkang bagya mulya lan dados idham-idhamaning nagari. Kula minagka pangarsa pepanggihan menika ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa sami nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken panjenengan. Saget ngrawuhi pepanggihan pengetan dinten Kartini ing wekdal menika.
Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila saben tanggal 21 April kita sami mengeti dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti sedaya lelabuhan inggih perjuanganipun R.A Kartini ingkang sampun ngangkat drajading wanita sami kaliyan drajadipun priyayi utawi emansipasi wanita. Rikala sugengipun R.A. Kartini, para wanita tansah wonten ing pingitan, boten dipunkeparengaken sekolah, boten dipunparegaken gadhah padamelan ingkang sami kaliyan priya. Wanita naming anca wingking, ingkang ayahipun naming wonten griyo, olah-olah (masak), umbah-umbah (mencuci), lan manak (nglairaken putra lan nggulawentah). Ananging samenika para wanita drajadipun sampun sami kaliyan para priya. Buktinipuning wekdal samenika kathah menteri dipunlenggahi para wanita, kathah dokter waita, kathah kelenggahan ing peprentahan ingkang samurwat kaliyan kelenggahan para priya ingkang dipunpimpin para wanita, lan sapiturutipun.
Salebetipun kita mengeti dinten wiyosanipun R.A Kartini menika, ingkang kedhah kita pengeti inggih menika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Boten namung mengeti anggenipun Kartini ngagem nyamping, lan mawi sanggul ageng. Ananging kados pundi Kridha lan gumregutipun R.A Kartini anggenipun majengaken para wanita. Malah saumpami R.A Kartini ing wekdal menika tasih sugeng lan mirsani kawontenanipun para wanita ing wekdal samenika, badhe nangis lan ngelus dhadha, jalaran kathah ingkang kebablasan, nglanggar unggah-ungguhipun wanita, kakdosta kathah wanita ingkang sami ses (ngrokok), mawi celana ingkang nyethet sanget, anggenipun nyandhang pengangge sami ketingal wudelipun. Kamangka menika sanes emansipasi, lan R.A Kartini boten nggadhahi gegayuhan emansipasi ingkang kados mekaten.
Emansipasi ingkang dipunbudidaya lan dipunperjuangaken R.A Kartini inggih menika ngengingi hak ingkang sami antawisipun priya kalihan wanita. Menawi priya dipun keparengaken sekolah wonten pawiyatan luhur para wanita nggih dipunkeparengaken ngudi ngilmiwonten ing pawiyatan luhur. Wanita boten naming kanca wingking, supados masak la manak kemawon.
Saderengipun wonten emansipasi ada-adanipun R.A Kartini, waita padamelanipun naming wonten pawon, boten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor kados samenika. Amargi sampun wonten pemanggih, wanita menika senadyan inggil sekolahipun, naming ing tembenipun bakal nyambut damel wonten ing pawon.
Ibu-ibu ingkang tansah kula bekteni, para remaja putri ingkang utami ing bebuden. Samenika para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa lan negari lan ugi agami, nanging para wanita ugi tansah nggulawenthah raharjaning keluwarga, ugi tumut majengaken generasi mudha.
Mekaten atur kula, menawi wonten lepating atur kula tansah minta aksama. Para panitya ugi ngaturaken agunging panwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami anyengkuyung wontenipun pengetan menika kanthi paring pambyantu ingkang arupi menpa kemawon, mugi pikanthok leliru saha pinwales ingkang samurwat saking ngarsanipun Gusti Allah S.W.T
Akhirul kalam bilahit taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.        

Sumber :
            Imam Sutardjo. 2011. Pidhato Basa Jawi (Pambiwara Saha Medhar Sabda). Surakarta: FSSR-UNS.

0 komentar:

Posting Komentar