Minggu, 22 April 2012

Pambiwara Halal Bi Halal / Apura-ingapura

            Bismillahirrohmanirohiim
Assalamualaikum wr. Wb
Kawilujengan, karaharjan, rahmat, saha berkahipun Allah SWT mugi tansah tumedhak lan kasasriro dumateng kita sedaya. “minal ‘aaidiin wal faidziin”, sugeng riyadi, sugeng lebaran nyuwun pangapunten sedaya kalepatan.
Bapak Mubaligh, Al Ustad K.H. Sukron ingkang kula bekteni, Bapak Lurah dalah pamongipun ingkang dados tetuladhanipun bebrayan, pangarsa RW 5 saha RT 4 ingkang sami luhur ing budi ; para sesepuh para pinisepuh kakung miwah putri utameng budi lan ingkang tansah kula bekteni, sedaya warga RW 5 / RT 4 ingkang bagya mulya, serta adik-adik ingkang kula tresnani.
Minangka pembukaing pepanggihan halal bihalal ing dalu menika mangga kita sedaya tansah memuji syukur ngarsanipun Allah SWT, Gusti ingkang murbeng ing dumadi, dene ing dalu menika kita sedaya warga sami rawuh makempal manunggal wonten madyaning sasana saha swasana menika kanthi karaharjan saha kebagaswarasan lulus mulya manggih nir ing sambikala wonten kelurahan Gumpang, ingkang saperlu sami silaturahmi, halal bihalal apura ingapura antawis ipun para warga RT 4 / RW 5.
Selawat saha salam tansah kita aturaken konjuk nabi Agung Muhammad Rosulullah SAW, minangkaka rahmatan lilalamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam dumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih perkawis inggih menika Al Qur’an saha Al Hadist, menawi kanthi kekalih gegebengan menika tansah kita tidakaken kanthi, temen-temen lan tumemen. Insya Allah gesang kita saget bagya mulya wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan….amiin.
Bapak Mubaligh, Bapak Lurah saha para pamongipun, ibu-ibu, saha bapak-bapak miwah para warga RT 4 / RW 5 ingkang bagya mulya lan tansah tumindak utama. Gegandhengan wekdal sampun nedahaken tabuh 8 dalu, jumbuh kaliyan serat sedhahan, pramila pepanggihan silaturahmi halal bihalal ing dalu menika mangga kita wiwiti kanthi : maos basmalah sesarengan. “Bismillaahirohmaanirrohiim”,…matur nuwun.
Kita samya ngayubagya / wontenipun halal bihalal nenggih / wargaagung RT. 4 tuhu / samya nunggal makempal / minta aksama sedaya lepatipun / mugi lebur kabeh dosa / suci lair trusing batin // (Tembung Pangkur)    
Parawarga Rt 4 Rw 5 ingkang bagya mulya, kula Cahyono ingkang minangka pambiwara badhe amaosaken urut-urutaning lampah inggih adicara silaturahmi halal bi halal ing dalu menika, inggih menika adicara :
1.      Kapisan palapuran pangarsa inggih ketua panitya halal bi halal
2.      Tanggapwara pangarsa Rt 4 / Rw 5
3.      Ikrar utawi Prasetya halal bi halal
4.      Tanggapwara pangarsa
5.      Pangaosan Halal bi halal, saha puji pandonga
6.      Pepanggihan silaturahmi halal bi halal paripurna kalajengaken salam-salaman.
Mekaten para ingkang sami rawuh kakung miwah putrid menggah reroncening adicara halal bi halal warga RT 4 ingkang sampun katata para kadang panitya.
1.      Palapuran Pangarsa Panitya Halal bi halal
Bapak mubaligh, Bapak lurah saha pamongipun, Bapak pangarsa RW 5 saha pangarsa RT 4 ingkang samya bagya mulya. Adicara kapisan inggih menika palapuran pangarsa panitya halal bi halal warga RT 4 ingkang dipunsarirani Bapak Sutrisno Sumangga.
2.      Tanggapwara Pangarsa RT 4 / RW 5
Paripurna palapuran pangarsa panitya halal bi halal kalajengaken tanggapwara ingkag kapisan saking pangarsa RT 4 / RW 5 ingkang menika katur Bapak Winarno kasumanggakaken.
3.      Ikrar Utawi Prasetya Halal bi halal
Para warga RT 4 / RW 5 Ingkang kula bekteni, lampah kaping tiga inggih menika Ikrar utawi prasetya halal bi halal saking para warga ingkang sami rawuh ing dalu menika, saking para mudha dhumateng sesepuhipun warga RT 4 / RW 5.
a.       Wondene igkang badhe maos ikrar halal bi halal inggih menika Bapak Kusnandar, sumangga.
b.      Wondene ingkang badhe maos ikrar halal bi halal wakilipun genersi mudha inggih menika sedherek Abdul Rahman, sumangga.
Ø  Ingkang nampi ikrar halal bi halal minangka wakilipun bapak-bapak saha ibi-ibu warga RT 4 / RW 5, Inggih menika Bapak Winarno.
Ø  Minangka wakil bapak saha ibu ingkang badhe nampi ikrar halal bi halal inggih menika Bapak Daliman saha Ibu Sukini.
Ø  Minangka wakilipun mudha-mudhi ingkang badhe matur ikrar halal bi halal inggih menika sedherek Suparno saha sedherek Sri Wulandari.
Katur bapak-bapak, Ibu-ibu saha adhik-adhik generasi mudha RT 4 ingkang badhe angayahi kuwajiban ikrar halal bi halal sumangga sami pinarak majeng.
4.      Tanggapwara pangarsa RW 5 kalurahan Gumpang.
Parapangarsa RT 4 / RW 5 ingkang bagya mulya, ikrar halal bi halal sampun paripurna. Ingkang menika mangga sedaya ingkang sami rawuh menika sami kersa maringi pangapunten, saha sami yuwun pngapunten kanthi ikhlas utawi lila legawaning penggalih supados saged lebur sedaya dosa lan kalepatan kita sedaya, wusananipun kita sedaya saged idul fitri, reresik malih sedaya dosa kita, kados rikala bayi nembe lahir. Lampah kaping sekawan inggih menika tanggapwara saking pangarsa RW 5 Bapak Lurah Winarno sumangga.
5.      Pengaosan utawi Andharan Halal bi halal, saha Puji Pandonga
Ibu-ibu, bapak-bapak miwah sedaya warga RT 4 / RW 5 ingkang sami rawuh silaturahmi halal bi halal ing dalu menika, mangga kita sedaya sami midangetaken pengaosan utawi andhara halal bi halal ingkang badhe dipunsarirani panjenenganipun Al Ustad K.H Sukron sumangga. Menawi sampun paripurna mugi katutup kanthi waosan puji pandonga.
6.      Pepanggihan Halal bi halal Paripurna
Para sesepuh, para pinisepuh kakung putrid ingkang bagya mulya dalah para warga RT 4 / RW 5 ingkang menka remen sambiyantu dhumateng bebrayan lan tansah nengenaken kautamen. Amargi tasah pikantuk rahmat, hidayaah, berkahipun Allah SWT, pepanggihan silaturahmi halal bi halal warga RT 4 / RW 5 ing dalu menika saged kalampahan kanthi rancak lan wilujeng, ingkang menika mangga paripurnaning pepanggian halal bi halal ing dalu menika kita tutup kanthi maaos hamdallah sesarengan ; “Alhamdulillahirobbil;alamin”. Mugi-mugi warga kita RT 4 / RW 5 sasampunipun sami apura-ingapura, maringi lan nyuwun pangapunten anggenipun sami nindakaken gesang bebrayan tansah sae, tambah guyub lan rukun, sami sih-sihan tansah manunggal cipta, rasa karsa, lan karyanipun.
Kula Cahyono minangka pambiwara menawi anggen kula aanglantaraken sedaya urut-urutaning lampah adicara halal bi halal menika, kathah kekirangan saha lepatipun, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksama. Minangka penutuping atur Billahittaufiq wal hidayah.   
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sumber :
Imam Sutardjo. 2011. Pidhato Basa Jawi (Pambiwara Saha Medhar Sabda). Surakarta: FSSR-UNS.  

0 komentar:

Posting Komentar