Ibu-ibu,
ingkang tansah kula bekteni, para sedherek remaja putri ingkang bagya mulya lan
dados idham-idhamaning nagari. Kula minagka pangarsa pepanggihan menika
ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa sami
nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken
panjenengan. Saget ngrawuhi pepanggihan pengetan dinten Kartini ing wekdal
menika.
Raden
Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila saben tanggal 21 April
kita sami mengeti dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti sedaya
lelabuhan inggih perjuanganipun R.A Kartini ingkang sampun ngangkat drajading
wanita sami kaliyan drajadipun priyayi utawi emansipasi wanita. Rikala sugengipun
R.A. Kartini, para wanita tansah wonten ing pingitan, boten dipunkeparengaken
sekolah, boten dipunparegaken gadhah padamelan ingkang sami kaliyan priya. Wanita
naming anca wingking, ingkang ayahipun naming wonten griyo, olah-olah (masak),
umbah-umbah (mencuci), lan manak (nglairaken putra lan nggulawentah). Ananging samenika
para wanita drajadipun sampun sami kaliyan para priya. Buktinipuning wekdal
samenika kathah menteri dipunlenggahi para wanita, kathah dokter waita, kathah
kelenggahan ing peprentahan ingkang samurwat kaliyan kelenggahan para priya
ingkang dipunpimpin para wanita, lan sapiturutipun.
Salebetipun
kita mengeti dinten wiyosanipun R.A Kartini menika, ingkang kedhah kita pengeti
inggih menika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Boten namung mengeti
anggenipun Kartini ngagem nyamping, lan mawi sanggul ageng. Ananging kados
pundi Kridha lan gumregutipun R.A Kartini anggenipun majengaken para wanita. Malah
saumpami R.A Kartini ing wekdal menika tasih sugeng lan mirsani kawontenanipun
para wanita ing wekdal samenika, badhe nangis lan ngelus dhadha, jalaran kathah
ingkang kebablasan, nglanggar unggah-ungguhipun wanita, kakdosta kathah wanita
ingkang sami ses (ngrokok), mawi celana ingkang nyethet sanget, anggenipun
nyandhang pengangge sami ketingal wudelipun. Kamangka menika sanes emansipasi,
lan R.A Kartini boten nggadhahi gegayuhan emansipasi ingkang kados mekaten.
Emansipasi
ingkang dipunbudidaya lan dipunperjuangaken R.A Kartini inggih menika ngengingi
hak ingkang sami antawisipun priya kalihan wanita. Menawi priya dipun
keparengaken sekolah wonten pawiyatan luhur para wanita nggih dipunkeparengaken
ngudi ngilmiwonten ing pawiyatan luhur. Wanita boten naming kanca wingking,
supados masak la manak kemawon.
Saderengipun
wonten emansipasi ada-adanipun R.A Kartini, waita padamelanipun naming wonten
pawon, boten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor kados
samenika. Amargi sampun wonten pemanggih, wanita menika senadyan inggil
sekolahipun, naming ing tembenipun bakal nyambut damel wonten ing pawon.
Ibu-ibu
ingkang tansah kula bekteni, para remaja putri ingkang utami ing bebuden. Samenika
para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa lan negari lan
ugi agami, nanging para wanita ugi tansah nggulawenthah raharjaning keluwarga,
ugi tumut majengaken generasi mudha.
Mekaten
atur kula, menawi wonten lepating atur kula tansah minta aksama. Para panitya
ugi ngaturaken agunging panwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami
anyengkuyung wontenipun pengetan menika kanthi paring pambyantu ingkang arupi
menpa kemawon, mugi pikanthok leliru saha pinwales ingkang samurwat saking
ngarsanipun Gusti Allah S.W.T
Akhirul kalam bilahit taufik wal
hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sumber
:
Imam
Sutardjo. 2011. Pidhato Basa Jawi
(Pambiwara Saha Medhar Sabda). Surakarta: FSSR-UNS.
0 komentar:
Posting Komentar