Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan
Senin, 23 April 2012
Sabda Pengetan Dinten Kartini
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Ibu-ibu,
ingkang tansah kula bekteni, para sedherek remaja putri ingkang bagya mulya lan
dados idham-idhamaning nagari. Kula minagka pangarsa pepanggihan menika
ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa sami
nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken
panjenengan. Saget ngrawuhi pepanggihan pengetan dinten Kartini ing wekdal
menika.
Raden
Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila saben tanggal 21 April
kita sami mengeti dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti sedaya
lelabuhan inggih perjuanganipun R.A Kartini ingkang sampun ngangkat drajading
wanita sami kaliyan drajadipun priyayi utawi emansipasi wanita. Rikala sugengipun
R.A. Kartini, para wanita tansah wonten ing pingitan, boten dipunkeparengaken
sekolah, boten dipunparegaken gadhah padamelan ingkang sami kaliyan priya. Wanita
naming anca wingking, ingkang ayahipun naming wonten griyo, olah-olah (masak),
umbah-umbah (mencuci), lan manak (nglairaken putra lan nggulawentah). Ananging samenika
para wanita drajadipun sampun sami kaliyan para priya. Buktinipuning wekdal
samenika kathah menteri dipunlenggahi para wanita, kathah dokter waita, kathah
kelenggahan ing peprentahan ingkang samurwat kaliyan kelenggahan para priya
ingkang dipunpimpin para wanita, lan sapiturutipun.
Salebetipun
kita mengeti dinten wiyosanipun R.A Kartini menika, ingkang kedhah kita pengeti
inggih menika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Boten namung mengeti
anggenipun Kartini ngagem nyamping, lan mawi sanggul ageng. Ananging kados
pundi Kridha lan gumregutipun R.A Kartini anggenipun majengaken para wanita. Malah
saumpami R.A Kartini ing wekdal menika tasih sugeng lan mirsani kawontenanipun
para wanita ing wekdal samenika, badhe nangis lan ngelus dhadha, jalaran kathah
ingkang kebablasan, nglanggar unggah-ungguhipun wanita, kakdosta kathah wanita
ingkang sami ses (ngrokok), mawi celana ingkang nyethet sanget, anggenipun
nyandhang pengangge sami ketingal wudelipun. Kamangka menika sanes emansipasi,
lan R.A Kartini boten nggadhahi gegayuhan emansipasi ingkang kados mekaten.
Emansipasi
ingkang dipunbudidaya lan dipunperjuangaken R.A Kartini inggih menika ngengingi
hak ingkang sami antawisipun priya kalihan wanita. Menawi priya dipun
keparengaken sekolah wonten pawiyatan luhur para wanita nggih dipunkeparengaken
ngudi ngilmiwonten ing pawiyatan luhur. Wanita boten naming kanca wingking,
supados masak la manak kemawon.
Saderengipun
wonten emansipasi ada-adanipun R.A Kartini, waita padamelanipun naming wonten
pawon, boten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor kados
samenika. Amargi sampun wonten pemanggih, wanita menika senadyan inggil
sekolahipun, naming ing tembenipun bakal nyambut damel wonten ing pawon.
Ibu-ibu
ingkang tansah kula bekteni, para remaja putri ingkang utami ing bebuden. Samenika
para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa lan negari lan
ugi agami, nanging para wanita ugi tansah nggulawenthah raharjaning keluwarga,
ugi tumut majengaken generasi mudha.
Mekaten
atur kula, menawi wonten lepating atur kula tansah minta aksama. Para panitya
ugi ngaturaken agunging panwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami
anyengkuyung wontenipun pengetan menika kanthi paring pambyantu ingkang arupi
menpa kemawon, mugi pikanthok leliru saha pinwales ingkang samurwat saking
ngarsanipun Gusti Allah S.W.T
Akhirul kalam bilahit taufik wal
hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sumber
:
Imam
Sutardjo. 2011. Pidhato Basa Jawi
(Pambiwara Saha Medhar Sabda). Surakarta: FSSR-UNS. Minggu, 22 April 2012
Pambiwara Halal Bi Halal / Apura-ingapura
Bismillahirrohmanirohiim
Assalamualaikum wr. Wb
Kawilujengan,
karaharjan, rahmat, saha berkahipun Allah SWT mugi tansah tumedhak lan
kasasriro dumateng kita sedaya. “minal ‘aaidiin wal faidziin”, sugeng riyadi,
sugeng lebaran nyuwun pangapunten sedaya kalepatan.
Bapak
Mubaligh, Al Ustad K.H. Sukron ingkang kula bekteni, Bapak Lurah dalah
pamongipun ingkang dados tetuladhanipun bebrayan, pangarsa RW 5 saha RT 4
ingkang sami luhur ing budi ; para sesepuh para pinisepuh kakung miwah putri
utameng budi lan ingkang tansah kula bekteni, sedaya warga RW 5 / RT 4 ingkang
bagya mulya, serta adik-adik ingkang kula tresnani.
Minangka
pembukaing pepanggihan halal bihalal ing dalu menika mangga kita sedaya tansah
memuji syukur ngarsanipun Allah SWT, Gusti ingkang murbeng ing dumadi, dene ing
dalu menika kita sedaya warga sami rawuh makempal manunggal wonten madyaning
sasana saha swasana menika kanthi karaharjan saha kebagaswarasan lulus mulya
manggih nir ing sambikala wonten kelurahan Gumpang, ingkang saperlu sami
silaturahmi, halal bihalal apura ingapura antawis ipun para warga RT 4 / RW 5.
Selawat
saha salam tansah kita aturaken konjuk nabi Agung Muhammad Rosulullah SAW,
minangkaka rahmatan lilalamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam
dumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih perkawis inggih menika Al Qur’an
saha Al Hadist, menawi kanthi kekalih gegebengan menika tansah kita tidakaken
kanthi, temen-temen lan tumemen. Insya Allah gesang kita saget bagya mulya
wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan….amiin.
Bapak
Mubaligh, Bapak Lurah saha para pamongipun, ibu-ibu, saha bapak-bapak miwah
para warga RT 4 / RW 5 ingkang bagya mulya lan tansah tumindak utama. Gegandhengan
wekdal sampun nedahaken tabuh 8 dalu, jumbuh kaliyan serat sedhahan, pramila
pepanggihan silaturahmi halal bihalal ing dalu menika mangga kita wiwiti kanthi
: maos basmalah sesarengan. “Bismillaahirohmaanirrohiim”,…matur nuwun.
Kita samya ngayubagya / wontenipun
halal bihalal nenggih / wargaagung RT. 4 tuhu / samya nunggal makempal / minta
aksama sedaya lepatipun / mugi lebur kabeh dosa / suci lair trusing batin
// (Tembung Pangkur)
Parawarga
Rt 4 Rw 5 ingkang bagya mulya, kula Cahyono ingkang minangka pambiwara
badhe amaosaken urut-urutaning lampah inggih adicara silaturahmi halal bi halal
ing dalu menika, inggih menika adicara :
1. Kapisan
palapuran pangarsa inggih ketua panitya halal bi halal
2. Tanggapwara
pangarsa Rt 4 / Rw 5
3. Ikrar
utawi Prasetya halal bi halal
4. Tanggapwara
pangarsa
5. Pangaosan
Halal bi halal, saha puji pandonga
6. Pepanggihan
silaturahmi halal bi halal paripurna kalajengaken salam-salaman.
Mekaten
para ingkang sami rawuh kakung miwah putrid menggah reroncening adicara halal
bi halal warga RT 4 ingkang sampun katata para kadang panitya.
1. Palapuran
Pangarsa Panitya Halal bi halal
Bapak
mubaligh, Bapak lurah saha pamongipun, Bapak pangarsa RW 5 saha pangarsa RT 4
ingkang samya bagya mulya. Adicara kapisan inggih menika palapuran pangarsa
panitya halal bi halal warga RT 4 ingkang dipunsarirani Bapak Sutrisno
Sumangga.
2. Tanggapwara
Pangarsa RT 4 / RW 5
Paripurna
palapuran pangarsa panitya halal bi halal kalajengaken tanggapwara ingkag
kapisan saking pangarsa RT 4 / RW 5 ingkang menika katur Bapak Winarno
kasumanggakaken.
3. Ikrar
Utawi Prasetya Halal bi halal
Para
warga RT 4 / RW 5 Ingkang kula bekteni, lampah kaping tiga inggih menika Ikrar
utawi prasetya halal bi halal saking para warga ingkang sami rawuh ing dalu
menika, saking para mudha dhumateng sesepuhipun warga RT 4 / RW 5.
a. Wondene
igkang badhe maos ikrar halal bi halal inggih menika Bapak Kusnandar, sumangga.
b. Wondene
ingkang badhe maos ikrar halal bi halal wakilipun genersi mudha inggih menika
sedherek Abdul Rahman, sumangga.
Ø Ingkang
nampi ikrar halal bi halal minangka wakilipun bapak-bapak saha ibi-ibu warga RT
4 / RW 5, Inggih menika Bapak Winarno.
Ø Minangka
wakil bapak saha ibu ingkang badhe nampi ikrar halal bi halal inggih menika
Bapak Daliman saha Ibu Sukini.
Ø Minangka
wakilipun mudha-mudhi ingkang badhe matur ikrar halal bi halal inggih menika
sedherek Suparno saha sedherek Sri Wulandari.
Katur
bapak-bapak, Ibu-ibu saha adhik-adhik generasi mudha RT 4 ingkang badhe
angayahi kuwajiban ikrar halal bi halal sumangga sami pinarak majeng.
4. Tanggapwara
pangarsa RW 5 kalurahan Gumpang.
Parapangarsa
RT 4 / RW 5 ingkang bagya mulya, ikrar halal bi halal sampun paripurna. Ingkang
menika mangga sedaya ingkang sami rawuh menika sami kersa maringi pangapunten,
saha sami yuwun pngapunten kanthi ikhlas utawi lila legawaning penggalih
supados saged lebur sedaya dosa lan kalepatan kita sedaya, wusananipun kita
sedaya saged idul fitri, reresik malih sedaya dosa kita, kados rikala bayi
nembe lahir. Lampah kaping sekawan inggih menika tanggapwara saking pangarsa RW
5 Bapak Lurah Winarno sumangga.
5. Pengaosan
utawi Andharan Halal bi halal, saha Puji Pandonga
Ibu-ibu,
bapak-bapak miwah sedaya warga RT 4 / RW 5 ingkang sami rawuh silaturahmi halal
bi halal ing dalu menika, mangga kita sedaya sami midangetaken pengaosan utawi
andhara halal bi halal ingkang badhe dipunsarirani panjenenganipun Al Ustad K.H
Sukron sumangga. Menawi sampun paripurna mugi katutup kanthi waosan puji
pandonga.
6. Pepanggihan
Halal bi halal Paripurna
Para
sesepuh, para pinisepuh kakung putrid ingkang bagya mulya dalah para warga RT 4
/ RW 5 ingkang menka remen sambiyantu dhumateng bebrayan lan tansah nengenaken
kautamen. Amargi tasah pikantuk rahmat, hidayaah, berkahipun Allah SWT,
pepanggihan silaturahmi halal bi halal warga RT 4 / RW 5 ing dalu menika saged
kalampahan kanthi rancak lan wilujeng, ingkang menika mangga paripurnaning
pepanggian halal bi halal ing dalu menika kita tutup kanthi maaos hamdallah
sesarengan ; “Alhamdulillahirobbil;alamin”.
Mugi-mugi warga kita RT 4 / RW 5 sasampunipun sami apura-ingapura, maringi lan
nyuwun pangapunten anggenipun sami nindakaken gesang bebrayan tansah sae,
tambah guyub lan rukun, sami sih-sihan tansah manunggal cipta, rasa karsa, lan
karyanipun.
Kula Cahyono minangka pambiwara menawi anggen kula aanglantaraken sedaya
urut-urutaning lampah adicara halal bi halal menika, kathah kekirangan saha
lepatipun, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksama. Minangka penutuping atur
Billahittaufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sumber
:
Imam
Sutardjo. 2011. Pidhato Basa Jawi
(Pambiwara Saha Medhar Sabda). Surakarta: FSSR-UNS.
Langganan:
Postingan (Atom)










